Lirik Sholawat Pasrah Ngalah Syi'iran-Abah Alfaqir Sonhaji

- 3 April 2022, 00:03 WIB
Lirik Sholawat Pasrah Ngalah Gus Sonhaji
Lirik Sholawat Pasrah Ngalah Gus Sonhaji /Tangkapan Layar Youtube Al Mughits Multimedia/

MEDIA BLORA - Berikut ini adalah lirik sholawat dari Abah Al-Faqir Sonhaji yang berjudul Pasrah Ngalah Syi'iran.
sholawat ini merupakan sholawat yang dilantunkan langsung oleh Gus Sonhaji. 
Mari kita simak lirik lengkap dari awal sampai akhir lirik sholawat Pasrah Ngalah.

Shalatullah salamullah 'ala taha Rasulillah
Shalatullah salamullah 'ala yasin Habibillah
Tawasalna bibismillah wabilhadi Rasulillah
Wakulli mujahidilillah bi ahlilbadri ya Allah
 
Marang Pengeran kang pinuji
Ngaturaken sekabehe puji
Marang Pengeran kang Maha Suci
Mangga nyuwun ikhlase ati
 
Sugih lan mlarat karek nglakoni
Wes ditetepne Rabbi Izzati
Seng penting iman neng njero ati
Kudu dijaga sampek mati
 
Urip neng dunya aja ngangsa
Kabeh kuwi wes ana Sing Nata
Urip neng dunya ja gampang ngresula
Apa meneh pas atine gela
Urip neng dunya kuwi coba
Susah lan seneng kabeh coba
Seng kuwat coba seng duwe rasa
Rasa sukur marang Kang Kuwasa
 
Akeh wong ngaji mung dirungokne
Teka ngomah ra diamalne
Akeh wong ngaji mung ngobrol dhewe
Kadhang malah ngrasani tanggane
 
Budhal ka ngomah ketoke ngaji
Teka enggen gur ngrasani
Nek ngono kuwi ndang ditaubati
Apa ra wedi siksa nek wes mati
 
Klawan Pengeran Kang Maha Ghafur
Mangga nyuwun barokahe umur
Pas ati sumpeg ja nganti nglantur
Kabeh kuwi ana Sing Ngatur
 
Rahmate Allah tanpa tinikur
Subhanallah ja nganti kufur
Shalat wajibe kudu teratur
Aja nganti di undur undur
 
Urip sepisan ja salah langkah
Aja lali shalawatan nariyyah
Urip sepisan ja gampang gresah
Apa meneh pas atine susah
 
Sugih lan mlarat kabeh isa susah
mergo iku adile gusti Allah
Yen dulur ngelah sing penting ngalah
Merga iku dadi ibadah
 
lirik sholawat dari Abah Al-Faqir Sonhaji yang berjudul Pasrah Ngalah Syi'iran.***

Editor: Muhammad Ma`ruf


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah