Lirik Lagu Syiir Tanpo Waton, Sholawat Gus Dur - Teks Latin

- 15 Agustus 2023, 17:13 WIB
Ilustrasi. Lirik Lagu Syiir Tanpo Waton, Sholawat Gus Dur - Teks Latin.
Ilustrasi. Lirik Lagu Syiir Tanpo Waton, Sholawat Gus Dur - Teks Latin. /Tangkapan layar/YouTube Peneduh Hati

Duh bolo konco prio wanito
Ojo mung ngaji syare'at bloko
Gur pinter dongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sangsoro
Tembe mburine bakal sangsoro

Akeh kang apal Qur'an Hadist e
Seneng Ngafirkeh marang liyane
Kafir e dewe Ga' di gatekke
Yen isih kotor ati akale
Yen isih kotor ati akale

Gampang kabujuk Nafsu angkoro
Ing pepaese Gebyare ndunyo
Iri lan meri sugi e tonggo
Mulo atine peteng lan Nisto
Mulo atine peteng lan Nisto

Baca Juga: Lagu Sholawat Badar, Lirik di Tulis Menggunakan Huruf Arab dan Latin serta Artinya

Ayo sedulur Jo nglale ake
Wajib e ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman Tauhid e
Baguse sangu mulyo matine
Baguse sangu mulyo matine

Kang aran sholeh bagus atine
Kerono mapan sari ilmune
Laku torekot lan ma'rifate
Ugo hakekot manjing rasane
Ugo hakekot manjing rasane

Alqur'an kodhim wahyu minulyo
Tanpo tinulis iso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancep ake ing njero dodo
Den tancep ake ing njero dodo

Kumantel ati lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh njeroan
Mukjizat rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjing e iman
Minongko dalan manjing e iman

Kelawan Alloh Kang maha Suci
Kuduh rangkulan rino lan wengi
Di tirakati di riadhoi
Dzikir lan suluk jo nganti lali
Dzikir lan suluk jo nganti lali

Urip e ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar nerimo snajan paspasan
Kabeh tinakdir saking pengeran
Kabeh tinakdir saking pengeran

Halaman:

Editor: Ahmat Arif Muzazin

Sumber: Berbagai Sumber


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah