Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 6 SD berdasarkan Kisi Kisi Tahun Ajaran 2022 2023, Soal UAS B Jawa Kelas 6 SD

- 11 April 2023, 21:40 WIB
Berikut ini merupakan soal PAS Bahasa Jawa kelas 6 SD berdasarkan kisi kisi Tahun Ajaran 2022 2023, soal UAS B Jawa kelas 6 SD
Berikut ini merupakan soal PAS Bahasa Jawa kelas 6 SD berdasarkan kisi kisi Tahun Ajaran 2022 2023, soal UAS B Jawa kelas 6 SD /pixabay/

 

MEDIA BLORA – Berikut ini merupakan soal PAS Bahasa Jawa kelas 6 SD berdasarkan kisi kisi Tahun Ajaran 2022 2023, soal UAS B Jawa kelas 6 SD.

Dengan soal PAS Bahasa Jawa kelas 6 SD berdasarkan kisi kisi Tahun Ajaran 2022 2023, soal UAS B Jawa kelas 6 SD seperti ini dimaksudkan untuk membantu para siswa saat menghadapi Penilaian Akhir Semester.

Sehingga dengan belajar soal PAS Bahasa Jawa kelas 6 SD berdasarkan kisi kisi Tahun Ajaran 2022 2023, soal UAS B Jawa kelas 6 SD terbaru seperti ini akan membuat para siswa lebih mudah dalam mengerjakan Ujian Akhir Semester nanti.

Baca Juga: Soal PAS PAI Kelas 6 Semester 2 Tahun Ajaran 2022 2023, Soal UAS PAI Kelas 6 sesuai Kisi Kisi Terbaru

Pada akhirnya siswa akan mendapatkan nilai yang memuaskan karena maksimal saat mengerjakan soal PAS Bahasa Jawa kelas 6 SD berdasarkan kisi kisi Tahun Ajaran 2022 2023, soal UAS B Jawa kelas 6 SD.

Maka dari itu simak, catat, dan pahami betul soal PAS Bahasa Jawa kelas 6 SD berdasarkan kisi kisi Tahun Ajaran 2022 2023, soal UAS B Jawa kelas 6 SD berikut ini.

Nah berikut ini soal PAS Bahasa Jawa kelas 6 SD berdasarkan kisi kisi Tahun Ajaran 2022 2023, soal UAS B Jawa kelas 6 SD yang dikutip MEDIA BLORA dari sumber terpercaya.

soal PAT/PTS/UAS Bahasa Jawa kelas 6 semester 2 TA 2022 2023

1. Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas enem SDN Tanggungan Gudo nganakake perkemahan sabtu malam minggu ing Bhumi Perkemahan Wonosalam Kecamatan Wonosalam Kabupaten Jombang jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale numpak bis Indah Jaya.

Irah-irahan (judul) perangan karangan ing dhuwur yaiku....

A. Dina Sabtu lan Minggu ana kemah
B. Bocah-bocah kelas VI kemah
C. Kemah pramuka ing Wonosalam
D. Sabtu lan Minggu ing Bhumi Perkemahan

kunci jawaban: C

2. Unen-unen sing kudhu dibadhek utawa dibatang maksude diarani....

A. cangkriman
B. paribasan
C. geguritan
D. saloka

kunci jawaban: A

3. bapak pucung dudu watu dudu gunung

sangkamu ing sabrang

ngon-ingone sang bupati

yen lumampah, si pucung lembehan grana

Batangane tembang ing dhuwur yaiku....

A. gajah
B. sepur
C. macan
D. sepeda

kunci jawaban: A

4. Sing klebu cangkriman plesetan yaiku....

A. bocor malah enak
B. adoh-adoh diparani,barang wis tekan diliwati
C. segara beldhes
D. sega sakepel dirubung tinggi

kunci jawaban: A

5. Senjata Kunta bisa ngenani Raden Gathutkaca nganti nemahi palastra.

Palastra padha tegese karo....

A. Semaput
B. lunga
C. mati
D. ilang

kunci jawaban: C

6. Muji syukur ing ngarsaning Allah kalebu perangan ... pidhato.

A. pambuka
B. panutup
C. Isi
D. dudutan

kunci jawaban: A

7. Ing ngisor iki sing kalebu dhampak negatife globalisasi yaiku....

A. majune teknologi
B. masyarakat tansaya maju
C. lunture rasa nasionalisme
D. anane pasar global

kunci jawaban: C

8. Kanggo persiapane nulis teks pidhato becike gawe....

A. ukara
B. dudutan
C. cengkoroan
D. gagasan baku

kunci jawaban: C

9. Wong bungah sok nemu....

A. Sengsara
B. rekasa
C. cilaka
D. susah

kunci jawaban: B

10. Joko Seger lan Rara Anteng muja semedi ing pucuke Gunung Lejar. Anggone muja semedi dikantheni rasa temen-temenan supaya kekarone keturutan duwe putra. Sanajan suwene patang puluh dina patang puluh bengi lan akeh panggodane, kakarone tetep mantep muja semedi.

Saka perangan crita kasebut sing dadi lakon utama yaiku....

A. Joko Seger
B. Roro Anteng
C. Joko Seger lan Rara Anteng
D. Gunung Lejar

kunci jawaban: C

Baca Juga: Soal PAS PAI Kelas 6 SD Semester 2 Tahun Ajaran 2022 2023, Soal PAT PAI Kelas 6 SD lengkap Kunci Jawaban

 

11. Nalika kowe weruh enek wong tua arep nyebrang dalan, opo kang kudu mbok tidakake ...

a. meneng wae
b. nyebrangake wong tuo mau
c. bablas mangkat sekolah
d. sajak ora ngerti opo-opo

kunci jawaban: B

12. Anak sapi arane ...
a. pedhet
b. gudhel
c. gogor
d. cindhil

kunci jawaban: A

13. Sapa kang njogo karesikan kelas?
Ukara ing nduwur kalebu ukara ...
a. pitakonan
b. tanggap
c. gothang
d. tanduk

kunci jawaban: A

14. Kulo kinten cekap semanten anggen kulo matur, katah klenta klentunipun kulo nyuwun agunging samudra pangaksami.

Perangane pidhato ing dhuwur arane ...
a. panutup
b. purwaka
c. wasana
d. wigati

kunci jawaban: C

15. Kang nuduhake sing gawe layang iku diarani perangane ...
a. purwaka
b. peprenah
c. titi mangsa
d. tapak asma

kunci jawaban: B

16. Muji syukur marang Gusti Allah iku ing sesorah dipapanake ana ...
a. pambuka
b. isi
c. panutup
d. salam

kunci jawaban: A

17. 1) Assalamualaikum Wr.Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak/ Ibu Pengurus Komite Sekolah
Bapak Ibu sekaliyan saha Bapak Ibu Guru ingkang tansah minulya
2) Mekaten ugi, kula ngaturaken maturnuwun bilih panjenengan sami saged ngrawuhi adicara ingkang badhe ngrembag bab pembangunan musholla.
3) Mekaten atur kula, menawi wonten lepatipun atur saha subasita, Kula nyuwun pangapunten.
4) Sumangga kula dherekaken muji syukur ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun maringi kesehatan lan kanikmatan gesang.

Supaya dadi pidhato kang runtut, ukara ing dhuwur diurutake dadi ...
a. 2-3-4-1
b. 1-4-2-3
c. 1-3-2-4
d. 4-3-2-1

kunci jawaban: B

18. Ilham : “Don, sesuk apa sida uangan basa Jawa?”
Roni : “Sida Ton, apa kowe ora ngerti?”
Ilham : “Ora, jalaran aku ora mlebu sekolah amarga lara’’
Roni : “Ye ngono mengko sore ndhewe sinau bareng wae ya Ton, neng omahku.’’

Pacelathon ing ndhuwur migunakake ragam basa ...
a. ngoko lugu
b. krama lugu
c. krama alus
d. krama inggil

kunci jawaban: A

19. Rembugan ana sangarepe wong akeh kanthi ngandarake sawijining gagasan diarani ...
a. tanggap wacana
b. atur pambuka
c. micara
d. nyemak

kunci jawaban: A

20. Ing ngisor iki perangane naskah pidhato, kajaba ...
a. pembuka
b. isi
c. adangiyah
d. panutup

kunci jawaban: C

Baca Juga: Soal PAT PAI Kelas 6 SD Tahun Ajaran 2022 2023, Bocoran Soal PAS PAI Kelas 6 SD lengkap Kunci Jawaban

21. Tibane swara vokal ing pungkasane gatra diarani ....

a. guru gatra
b. guru lagu
c. guru sastra
d. guru wilangan

kunci jawaban: B

22. Sagung para rawuh sadaya, Mugi pinayungan nugraha yekti, Asih tresna Allah satuhu, Tansaha kasasira, Puja puji syukur saha sembah sujud, Konjuk ing ngarsa paduka, Gusti Allah Maha Suci.

Tembang macapat ing dhuwur iku guru gatrane ana ... larik
a. 6
b. 5
c. 8
d. 7

kunci jawaban: D

23. Sekar gambuh ping catur, Kang cinatur polah kang kalantur, Tanpa tutur katula-tula katali, Kadaluwarsa kapatuh, Kapatuh pan dadi awon Guru wilangan ing tembang macapat ing dhuwur yaiku ....
a. 7, 9, 10, 7, 8
b. 7, 10, 12, 8, 8
c. 7, 7, 8, 8, 9, 9
d. 8, 10, 12, 7, 7

kunci jawaban: B

24. Tembang sing dudu tembang macapat yaiku ....
a. Asmaradana
b. megatruh
c. cublak-cublak suweng
d. kinanthi

kunci jawaban: C

25. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Yen lumaku si pucung ngumbar swara. Tembang pocung ing dhuwur batangane ....
a. sepur
b. kalung
c. ula
d. sabuk

kunci jawaban: A

26. Nalika isih aran Jabang Tetuka, Gathutkaca dijedhi ana ing kawah . . . .
a. Candradimuka
b. Candrarasa
c. Candra Buwana
d. Candra Antrakusuma

kunci jawaban: A

27. Asmane Ibune Gathutkaca yaiku . . . .
a. Drupadi
b. Arimbi
c. Pregiwa
d. Srikandi

kunci jawaban: B

28. Arane senjatane Gathutkaca sing dianggo ing dada yaiku . . . .
a. nanggala
b. kotang antrakusuma
c. pasopati
d. alugara

kunci jawaban: B

29. Arane perang kang ndadekake Gathutkaca gugur yaiku . . . .
a. Baratayudha
b. Tanding
c. Bubat
d. Mahabarata

kunci jawaban: D

30. Pak Budi maos koran wonten kantor. maos basa ngokone ....
a. nulis
b. ndelok
c. tuku
d. maca

kunci jawaban: D

31. Pitik tukung lan padhang bulan kalebu tembang ....
a. keroncong
b. dolanan
c. pop
d. macapat

kunci jawaban: B

32. Cacahe gatra saben sapada ing tembung macapat diarani ....
a. guru gatra
b. guru wilangan
c. guru sastra
d. guru lagu

kunci jawaban: A

33. Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat diarani ....
a. guru lagu
b. guru sastra
c. guru gatra
d. guru wilangan

kunci jawaban: D

Baca Juga: Soal UAS PJOK Kelas 6 Semester 2 berdasarkan Kisi Kisi Tahun Ajaran 2022 2023, Soal PAS Penjas Kelas 6 SD/MI

Demikian ulasan lengkap soal PAS Bahasa Jawa kelas 6 SD berdasarkan kisi kisi Tahun Ajaran 2022 2023, soal UAS B Jawa kelas 6 SD.

Semoga artikel dengan judul soal PAS Bahasa Jawa kelas 6 SD berdasarkan kisi kisi Tahun Ajaran 2022 2023, soal UAS B Jawa kelas 6 SD bisa membantu dan memudahkan para siswa saat mengerjakan Penilaian Akhir Tahun besok.

Disclaimer: Konten ini tidak menjamin kebenaran yang bersifat mutlak, sehingga tidak menutup kemungkinan ada eksplorasi jawaban lainnya.***

Editor: M. In`Amul Muttaqin

Sumber: Berbagai Sumber


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah