5. Gatekna ukara ing andhap iki!
1) Kula badhe tumbas woh-wohan kados ta: pelem, nanas, pisang, kaliyan anggur.
2) Sampeyan punapa sampun sumerep griya kula, sapunika semah kula sampun wangsul. Ukara ing inggil punika ngagem basa ….
A. Ngoko lugu (wantah)
B. Ngoko alus (andhap)
C. Krama lugu (madya)
D. Krama alus (inggil)
Jawaban C
6. Gatekna ukara ing andhap iki!
1) Aku lagi nulis aksara Jawa
2) Ibu lagi masak ing pawon
Ing inggil punika kalebet tuladha ukara ....
A. Tanggap
B. Tanduk
C. Prentah
D. Pitakon
Jawaban B
7. sawijining geguritan bakal luwih gampang olehe nggoleki amanat utawa piwulang kang ana sajroning geguritan kanthi cara ….
a. diparafrasekake
b. ditembangake
c. diwaca
d. dirasakeke isine
Jawaban A