Latihan 25 Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 9 Semester 1 Lengkap dengan Kunci Jawaban

28 November 2022, 08:50 WIB
Ilustrasi. Latihan 25 Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 9 Semester 1 Lengkap dengan Kunci Jawaban. /Pexels/Tirachard Kumtanom

MEDIA BLORA - Bagi siswa-siswi kelas 9 dapat mencoba mengerjakan latihan 25 soal PAS Bahasa Jawa untuk semester 1 lengkap dengan kunci jawaban.

Dengan adanya kunci jawaban dari latihan 25 soal PAS Bahasa Jawa ini untuk mempermudah siswa-siswi kelas 9 semester 1 saat belajar.

Selain itu, siswa-siswi kelas 9 semester 1 mempelajari latihan 25 soal PAS Agama Islam agar mempunyai lebih banyak referensi dalam persiapan ulangan akhir semester 1 tahun pelajaran 2022/2023.

Baca Juga: 25 Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 1 Lengkap dengan Kunci Jawaban

Meski sudah ada kunci jawaban dari latihan 25 soal PAS Bahasa Jawa, siswa-siswi kelas 9 semester 1 diharapkan untuk menjawab dengan jawabannya sendiri terlebih dahulu.

Dikutip MEDIA BLORA dari berbagai sumber. Berikut latihan 25 soal PAS Bahasa Jawa kelas 9 semester 1 lengkap beserta kunci jawaban.

 

Gatekna ukara ing andhap iki!

1) Aku lagi nulis aksara Jawa

2) Ibu lagi masak ing pawon

1. Ing inggil punika kalebet tuladha ukara ....

A. Tanggap

B. Tanduk

C. Prentah

D. Pitakon

Jawaban: B

Gatekna pranyatan ing andhap iki!

1) Kita kedah nebihi dhaharan legi amergi mboten sae kagem kasarasan waja kita.

2) Waja kita kedah disikat kaping kaleh sedinten utawi sawising dhahar.

3) Kita kedah ngerawat waja kita piyambak.

4) Waja kita kedah dipriksa saben 6 sasi sepisan.

2. Pranyatan ing inggil kang kalebu ukara tanggap inggih menika ukara nome r….

A. 1 lan 2

B. 2 lan 4

C. 1 lan 3

D. 3 lan 4

Jawaban: B

Wacanen teks ing andhap kanthi patitis kagem mangsuli pitakon nomer 1-3!

Sampah yaiku materi sisa kang ora dikarepake, sawise akhire dibuwang ing pambuwangan pungkasan (akhir). Sampah bisa ana ing saben materi: awujud padhet (padat), encer (cair), utawa gas. Sampah uga dadi masalah nomer siji ing Indonesia, saliyane pengangguran, lan sarana transportasi. Bencana banjir wis dadi langganan ana ing wewengkon tlatah Gresik, nanging isih akeh wong Gresik sing ora gelem sadhar yen mbuwang sampah iku kudu ana panggonane.

3. Wacan ing inggil kalebet jenis teks laporan asil observasi bagean ….

A. Simpulan

B. Dhefinisi umum

C. Dheskripsi bagean

D. Dheskripsi manfaat

Jawaban: B

4. Ukara ingkang mboten trep (tidak cocok) kalian pranyatan ing inggil (No.1) inggih menika ….

A. Sampah dadi siji-sijine masalah ing Indonesia

B. Banjir wis dadi langganan ana ing wewengkon tlatah Gresik

C. Sampah bisa awujud padhet (padat), encer (cair), utawa gas

D. Akeh wong Gresik sing ora gelem sadhar yen mbuwang sampah iku kudu ana panggonane.

Jawaban: A

5. Nalika tiyang mboten purun sadhar menawi mbuwang sampah niku kedah ing panggonane, saget ndadosaken ….

A. Longsor

B. Gempa bumi

C. Virus covid 19

D. Bencana banjir

Jawaban: D

Tlatar Boyolali wis dikenal dadi sawijining papan wisata. Papane rada ngalor sithik saka kutha Boyolali, adohe kira-kira 7 km. Sing disuguhake neng kana yaiku wisata alam. Nalika lunga rana, kari milih panggon mancing. Iwak sing dipancing maneka warna kayata iwak lele, nila, gurameh, kakap, bawal lan sapanunggalane

6. Saking paragraf ing inggil, kang nuduhake ukara tanduk inggih menika ukara ….

A. Tlatar Boyolali wis dikenal dadi sawijining papan wisata

B. Sing disuguhake neng kana yaiku wisata alam

C. Nalika lunga rana, kari milih panggon mancing.

D. Iwak sing dipancing maneka warna

Jawaban: C

Wacanen ukara ing andhap iki!

Malang salah sawijining kutha ing Jawa Timur, akeh maneka warna usaha indhustri omahan kang bisa ditemoni.

7. Tembung kang nunjukake menawi ukara ing inggil kalebet ukara tanggap yaiku ….

A. Indhustri

B. Omahan

C. Ditemoni

D. Maneka

Jawaban: C

Gatekna ukara ing andhap iki!

1) Kula badhe tumbas woh-wohan kados ta: pelem, nanas, pisang, kaliyan anggur.

2) Sampeyan punapa sampun sumerep griya kula, sapunika semah kula sampun wangsul.

8. Ukara ing inggil punika ngagem basa ….

A. Ngoko lugu (wantah)

B. Ngoko alus (andhap)

C. Krama lugu (madya)

D. Krama alus (inggil)

Jawaban: C

Wacanen ukara ing andhap iki!

“Ing sekolahan aku ... jam 06.30 WIB, menawi bu guru ... jam 06.00 WIB.”

9. Tembung kang trep kagem njangkepi ukara ingkang dereng rampung ing inggil inggih menika ….

A. Teka, rawuh

B. Rawuh, dugi

C. Teka, teka

D. Dugi, teka

Jawaban: A

Baca Juga: Latihan Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 1 Lengkap Beserta Kunci Jawaban

Wacanen ukara ing isor iki!

“Apa ... lan adhimu wis sinau unggah-ungguh basa Jawa?”

10. Tembung kang trep kangge njangkepi ukara ingkang dereng rampung ing inggil inggih menika ….

A. Kowe

B. Dheweke

C. Sampeyan

D. Panjenengan

Jawaban: A

Wacanen ukara ing andhap iki!

Kartika : Ana apa kok mlayu-mlayu?

Damar : Pak Guru wis teka.

11. Wangsulane Damar yen didadosake basa krama alus inggih menika ….

A. Pak Guru dereng teka.

B. Pak Guru mboten dugi.

C. Pak Guru sampun rawuh.

D. Pak Guru sampun dhateng.

Jawaban: C

Wacanen ukara ing andhap iki!

“Sawise nyeluk adhiku, budhe terus tak kongkon lungguh ndik ruang tamu.

12. Ukara kasebut ngagem basa ….

A. Ngoko lugu

B. Ngoko alus

C. Krama lugu

D. Krama alus

Jawaban: A

Wacanen ukara ing andhap iki!

“Kowe apa wes mangan isuk mau?.”

13. Ukara kasebut yen didadosake basa krama lugu (madya) inggih menika ….

A. Panjenengan napa sampun dhahar enjing wau?

B. Panjenengan napa wis mangan enjing wau?

C. Sampeyan napa sampun nedha enjing wau?

D. Sampeyan napa wes dhahar enjing wau?

Jawaban: C

14. Miturut aksara ing inggil, menawi aksara rekan karaketan sandhangan cecak, cecake telu dumunung ing sisih … sandhangan cecak.

A. Tengene

B. Tengahe

C. Kiwane

D. Njerone

Jawaban: C

Pak Untung iku sabendinane lunga menyang sanggar saperlu mimpin lan ngatur lumakune crita drama

15. Miturut wacan ing inggil, pendamelan (penggawean) pak Untung dados ….

A. Aktor

B. Penulis

C. Pelawak

D. Sutradara

Jawaban: D

Fanina lagi melu pemilihan tokoh/paraga sing kadhapuk dening sutradara ing lakon drama

16. Miturut pranyatan ing inggil, Fanina lagi tumut .…

A. Crita

B. Dialog

C. Nyanyi

D. Casting

Jawaban: D

Baca Juga: Contoh Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 1 Lengkap dengan Kunci Jawaban

Pandu iku yen lagi main drama mesti dadi wong sing becik, seneng mbiyantu lan sabar.

17. Saking pranyatan ing inggil, Pandu niku minangka paraga ....

A. Prolog

B. Epilog

C. Antagonis

D. Protagonis

Jawaban: D

Rama iku paraga kesenian khas Jawa Timur, kang wujude drama tradisional, kerakyatan, ana tari Rema, kidungan, banyolan, gendhing jula-juli lan critane bebas.

18. Manut wacan ing inggil, Rama minangka paraga kesenian ….

A. Film

B. Tayub

C. Ludruk

D. Wayang

Jawaban: C

Prapto iku paraga kesenian drama tradisional, kang iringane gendhing kulonan, ana keprak/Kenthongane, biasane lakone panguripan keluarga Kerajaan

19. Manut wacan ing inggil, Prapto minangka paraga kesenian ….

A. Ketoprak

B. Wayang

C. Ludruk

D. Tayub

Jawaban: A

Drama tradisional iki nyritaake Ramayana, Mahabharata, sakliyane iku uga ana dalange, (parogone ngomong dewe). Penontone sing ake wong tuwa.

20. Drama ing inggil dipun wastani ….

A. Ludruk

B. Wayang

C. Wayang wong

D. Ketoprak humor

Jawaban: C

Nashir nduweni kebiasaan main drama ndik kampung, Nashir nunggang jaran, paragane ana kang aneh, yaiku mangan beling, kembang utawa menyan.

21. Nashir niku minangka paraga ….

A. Jaran kepang

B. Ketoprak

C. Ludruk

D. Reog

Jawaban: A

Gatekna pranyatan ing andhap iki!

1- Ingkang kula hormati bapak Kepala Desa.

2- Para rawuh ingkang kulo bekteni.

3- Rencang-rencang ingkang bahagia mulya.

22. Ing inggil punika minangka tuladha ukara …. ing pidhato

A. Pembuka

B. Purwaka

C. Panyapa

D. Wasana

Jawaban: C

Gatekna pranyatan ing isor iki!

1) Puji syukur kawula dhumateng Alloh....

2) Matur nuwun dhumateng sohibul bait ingkang sampun purun paring tempat kangge acara....

3) Solawat saha salam mugi katur dhumateng rosululloh.....

4) Menawi wonten salah/klintunipun, kula nyuwun ngapunten....

23. Ing inggil punika kang boten kalebu tuladha purwaka pidato kang trep inggih menika nomer ….

A. 1

B. 2

C. 3

D. 4

Jawaban: D

Assalamu’alaikum wr. Wb. Mugi asihing Gusti tansah pinaringaken ing Panjenengan sedaya.

24. Ing inggil punika minangka tuladha …. ing pidato/tanggap wacan.

A. Salam Pambuka

B. Pangarep-arep

C. Purwaka

D. Surasa

Jawaban: A

Baca Juga: 25 Contoh Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 1 Lengkap Beserta Kunci Jawaban

Ketua OSIS lagi ngumpulaken sedaya anggota pramuka inti ing isor wit sawo ngarep ruang guru. Ketua OSIS langsung nyampekne marang anggotane babagan lomba kang bakal dilaksanaake ing MAN 1 Malang tanggal 10 November tahun 2020

25. Adicara/acara kang di maksud ing inggil minangka tuladha pidhato kahanan ….

A. Resmi

B. Hiburan

C. Ora resmi

D. Setengah resmi

Jawaban: C

Demikian penjelasan tentang Latihan 25 Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 9 Semester 1 Lengkap dengan  Kunci Jawaban.***

Editor: Ahmat Arif Muzazin

Sumber: Berbagai Sumber

Tags

Terkini

Terpopuler